Rego Bengsin Mudun (Premium)
Sing pertama aku njaluk ijin sekalian njaluk sori marang sederek-sederek, marai postinganku sesi iki memang tak khususke nanggo boso jowo. Dadi lek ono sederek ingkang mboten ngerti opo sing tak tulis iki yo aku dingapuroni.
Ampun dados pangalihipun ya poro sederek, ora maksudku arep mbagong, ndagel opo maneh mbadut.
Alesanku ngepost nganggo bohoso jowo nang blog the Wind Of Change dino iki amargi aku ameh ngalestarike bohoso sing sak mbendinane tak gunake ngobrol, njagong lan mbagong, bohoso jowo lek menurut aku luwih cedak le sharing lan bohoso jowo kuwi iso marakake dadi seduluran ne soyo raket. Tur maneh dino iki aku yo lagi males ngomong ngango boso Indonesia rodo bosen ngono kuwi.
Yo uwis lek sederek-sederek sekalian ngertos lan paham punopo ingkang kulo aturaken…
Aku tak mulai cerito yo…
Ngene ceritane…
Isuk mau pit motorku wis entek bengsine aku weruh seko deloki indikator spidometer wes nandaake lek bensine ameh entek, aku kudu ngisi bengsin ndisik sak durunge lungo. Yen tak itung-itung bengsin nang tangki pit motor rak kecandak yen aku ngisi nang pom bensin, kudune aku ngisi ndisik bengsin nang cedak omahku kene yoiku tuku bengsin eceran nang langgananku sing biyasane tak tukoni.
“Piye kabar e boz??” takok sing dodol bensin menyang aku (sing dodol bengsin boz-e akeh marai sak mben wong sing tuku bengsin nyang kono kabeh diundang bos).
“Apik wae… aku njaluk 2 liter lek”
“2 liter wae boz??” takok sing dodol bengsin karo ngowo 2 botol kebak premium mbek corong bengsin seko gerobak e.
‘”Iyo… lek” saut ku
Aku ngentoke dompet seko saku mburi katok kanggo mbayar bengsin, tak bukak dompete tak jupuk duwit sak lembar sepuluh ewunan mbek telung lembar sewunan dadi jumlah kabeh e 13 ewu, asumsine biyasane lek aku tuku bengsin eceran regone per liter 6.500. dadi lek aku tuku 2 liter 6.500 X 2 liter = 13.000.
“Iki lek duite!!” karo nyodorke duit 13 ewo menyang lek e sing dodol bengsin.
“Duitmu kakehan sewu bos” karo nyodorke balik sak lembar duit sewu menyang aku.
Mak jegagik langsung meripatku melotot kaget.
“Biyasane sak liter e kan 6.500 to lek? aku tuku 2 liter yo berarti 13 ewu to lek!!”
“Per tanggal 1 desember bengsin wis medun bos, lha iki bengsin le aku kulakan jam 5 isuk mau bos dadi regane wis rodo kacek sak litere 500 rupiyah”
“Piye to bos?? rak tau nonton TV ki??”sindire lek e sing dodol bengsin mbek ngejak guyon aku.
“Hahaha…nontone Bioskop terus kok lek!!” karo aku nguyu ngakak.
Aku gek kilingan lek bengsine per 1 desember medun dadi 5.500 premium rego POM bengsin.
“Ooo iyo ya, gek kilingan aku lek” karo nompo duite terus dileboke nang saku jaket.
“MANTAB!!!!”
“Matursuwun ya lek, tak dungak ake dagangane cepet laris ya lek!!” karo nyetater pit motor langsung geblas mangkat. wuzzz…
“ Yo ati-ati boz!!!’ karo mesam-mesem lek bengsine wes kepayon 2 liter.
Mantab, rego bengsin wis medun 500 rupiah. Rodo ngelegaake kango poro kaum miskin koyo aku ngene. LOL…
Tapi sing dadi permasalahane. Rego-rego barang liane yo podo dadi medun opo ora? sing tak kuatirke rego tarip transportasi lek regone tetep ora melu medun yo percuma no???
Tinggal dienteni wae… seminggu ngarep, lek rego-rego barang minggu ngarep regane tetep yo percumah to??
Yo uwis lah patut disyukuri… duwit 500 rupiah bagi ku rodo akeh. LOL…
wis le aku cerito. kapan-kapan lanjut maneh.
tak minggat sik yo,
dean Santovic
bensin mudun yah!! yo syukurlah..mosok mundak wae kit biyen. sekali-kali mudunlah. yo ra lek?> hidup SBY!!